Powered By Blogger

Kamis, 27 Februari 2014

biografi bahasa jawa

Sukiyat
            Sukiyat utawa kang kerep diceluk Kiyat menika salah siji petani iwak lan PPL ing tlatah Kulon Progo. Sukiyat kuwi lair ing Kulon Progo, 25 April 1962. Sukiyat putrane Bapak Amat Djalil putra sing nomor 5 saka 9. Sukiyat nikah karo Duminingsih lan gadhah putra loro. Sukiyat makarya dadi pegawai PPL Perikanan lan Kelautan ana ing kecamatan Wates.
            Wiwit cilik sukiyat wis nemoni prihatin, karo bapakne dilatih nyambut gawe kon ngrewangi madhahi wit jeruk ana ing polyback. Anggone kulakan winih jeruk ana ing Purworejo ngepit karo bapakne. Sukiyat nglekasi sekolah ana ing SD N 3 Sentolo banjur neruske ana ing SMP Muhammadiyah 1 Sentolo. Banjur daftar SPMA, sasuwene anggone sekolah Sukiyat salah sijining murid kang nduweni prestasi, oleh rangking apik terus. Sak wise lulus SPMA taun 1982 dheweke langsung daftar dadi PPL Perikanan lan ditampa dipanggonake ing Gunung Kidul 8 taun. Banjur dipindah ana ing Kulon Progo nganti saiki.
            Sukiyat nglekasi ngingu lan bibitake lele taun 1996. Anggone bibite lele ana ing tabone bapakne lan nduwe pirang-pirang kolam. Gawean ngingu lele kuwi mung didadekake samben lan kanggo nerape ilmune ora mung dikandhake nang petanine. Anggone bibit lele Sukiyat kerep nemoni rugi lan bathi. Dheweke kudu bolak-balik ngulon ngetan niliki kolame amarga wiwit kuwi Sukiyat lan kaluargane durung duwe omah dewe, isih ngontrak ana ing Klangon. Suwe anggone ngontak kurang luwih 11 taun.
            Yen pas akeh pesenan lan ora bisa nampa kabeh, dheweke ora mung ngandalake saka bibite dewe ugi saguh ngolekake lele tekan ngendi-ngendi utawa pesen karo petanine. Sukiyat dadekake pengalaman anggone nyemplung lan praktek ternak lele mau kanggo diomonge marang petanine, ora mung teori ananging uga praktek dewe. Sakwise nduwe omah dewe Sukiyat ora mung bibitake lele, ugi ndeder grameh.  Anggone nernakake lele rada suda amarga yen pas ngendokake lele ora tau dadi. Tuku winih grameh cilik lan digedekake 2 minggu lan didol meneh, uga ngedekake grameh nganti setengah kiloan. Nganti saiki Sukiyat isih tetep ngingu iwak lan nduwe kelompok tani iwak ing dusune.

            Sasuwene dadi PPL Sukiyat nduweni prestasi apik dibuktekake oleh piala cacah loro.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar